MERUHI KAJATÈNING URIP



salalahu ngalaihi wasalam,malaikat aruman,amarah purbaneng urip,luamah mulyaneng urip,supiyah lenyepeng urip,mutmainah sampurnaneng urip,aras pangambu kursi tingal,alloh katon anglimputi,alloh gusti kang agung,pangeran kangluwih agung,angaturaken kawulo kapéngin sanget pepangian kaliyan gusti kang moho suci,sang kulinyar putih roh jenengiro metuo,ingsun arso weruh sangkaneng urip,iyo pangéran robulngalamin
¤¤¤¤¤¤
dene patrape jam 12 bengi lungguh madep ngulon ono senthong/jaboneng umah(latar) tanpo diyan(damar)
sakrampunge moco motro,mripat karo pisan merem,tlapukane petelen nganggo jempol,pametele rodo kaplenetake.
sanaliko weruh cahyo maneko warno,yen katarimo saksirnaneng cahyo kang maneko rupo2 warnane,banjur weruh cahyo kang gumilang tanpo wewayangan,kito ura biso ngarani rupane margo sakeng eloke,ing dunyo ora ono pepadhane.
lah iku kang di arani kamulaneng urep,utowo bibite urip,kang nyen wis titimangsane bali marang sangkan parane dumadi ura kleru pamawase,nuju sampurnaneng pati.
yen pancen temen2 mesti kakal kasembadan jinurung dene alloh. Wajida wajidahu,sopo temen tinemenan
saben2 matrapke yen wis katon peteng ora merui cahyo banjur dilereni.


Responses

0 Respones to "MERUHI KAJATÈNING URIP"

Posting Komentar